Iklan

iklan

Iklan

iklan
,

Iklan

iklan

Dua Proposal Kakbah pada Hari Kiamat

Muhammad Arif Mufidul Chikam
12 Mar 2018, 19:25 WIB Last Updated 2018-10-22T11:44:14Z
Dua Proposal Kakbah pada Hari Kiamat

Mbenjang dinten kiamat Allah ndawuhi 70rbu (pitung ndoso ewu) malaikat diperintahkan dining Allah ngasto dadung seko emas, dadung kui kanggo naleni Kakbah, sinareng sampun ditaleni Kakbah di geret 70rbu (pitung ndoso ewu) malaikat, arep dijak nang Suargo” dawuhe Gusti Allah.
Kakbahe niku digeret, jenggelek mawon, mboten purun. Mongko wis di geret 70rbu (pitung ndoso ewu) malaikat, arep dijak nang Suargo malah mboten purun, akhire 70rbu (pitung ndoso ewu) malaikat angkat tangan (menyerah), ora sanggup geret Kakbah, terus matur Malaikat marang Gusti Allah, “
Malaikat : Ya Allah Kakbah mboten purun kulo geret dateng Suargo
Allah : La keno opo?
Malaaikat : Mboten ngertos.
Allah : Jajal ditakoni.

Akhire Malaikate mbaleni midun njejeri Kakbah takon, Kakbahe kondo :

Kakbah : Malaikat matur nyang Allah, aku gelem di lebokno Suargo asal Allah kerso nompo Proposalku,
Proposalku siji “sopo wae sing sedo kapundut dikubur nang kiwo tengenku, malaikat ojo di delok dosane, mboh gede mboh cilik dingapuro kabeh diresiki kabeh ben melbu suargo bareng aku” usule Kakbah.
Proposalku sing nomer loro “ Malaikat matur nyang Allah, sopo wae sing pernah ngubengi aku (mubeng ki coro Jowo coro arabe Towaf), sepiro gedine dosane Malaikat kono matur nyang Allah supoyo dingapuro diresiki ben melbu Suargo bareng aku” pemature Kakbah.

Banjur Malaikat matur nyang Allah :
Malaikat : Ya Allah Kakbah purun dijak mlebet Suargo kulo geret asal Kalih (dua) Proposal, njenengan ijabahi.
Allah : Opo kui malaikat?
Malaikat : Sepisan ya Allah Kakbah nyuwun “ Sak sinten ke mawon ingkang sedo dipun kubur teng kiwo tengen Kakbah ya Allah ampun njenengan presani dusonipun, dipun ngapunten sedanten kersanipun mlebet Suargo sareng Kakbah”.
Nomer Kalih ya Allah, Kakbah nyuwun “sinten ke mawon ingkang nate ngubengi/Towaf ampun dipun presani dusonipun ya Allah, dipun ngapunten diresiki sedoyo mlebet Suargo sareng Kakbah”.
Allah marengaken
Allah : Wis malaikat kondo karo Kakbah Proposale tak tompo kabeh, tak turuti kabeh

Lajeng malaikat midun kondo karo kakbah :
Malaikat : Kakbah penyuwune panjenengan di tompo dining Allah

Akhire Malaikat tandang naleni Kakbah nganggo dadung seko emas, di geret 70rbu (pitung ndoso ewu) Malaikat alon-alon, sakmburine Kakbah mayuto-yuto menungso werni kalih, siji sing sedo di kubur nang kiwo tengene Kakbah, loro sing tau Towaf.
Akhire Kakbah ajeng mlebet Suargo kepetuk Kanjeng Nabi, Nabi ndangu “ Kakbah mburimu sakmono akehe sopo ?.
Kakbah matur “ Kanjeng Nabi wingking kulo mayuto-yuto tiang niki tiang werni kalih Kanjeng Nabi, sepisan sing sedo di kubur teng kiwo tengen kulo, ping kalih sing nate Towaf, niki pikantuk syafaat kulo atas idzin Gusti Allah mlebet Suargo sareng kulo”.
Kakbahe lajeng matur “ Kanjeng Nabi njenengan bagiane nyafangati sing liane kalih (dua) niki.

Di ambil dari Pengajian KH. Achmad Chalwani
Ditulis oleh Admin annawawiberjan.or.id

Iklan

iklan