Iklan

iklan

Iklan

iklan
,

Iklan

iklan

Santri ngaji Negri Aji

annawawi.berjan
3 Nov 2018, 18:29 WIB Last Updated 2018-11-03T11:29:25Z
Karya : Siti Maziyatul Baity
(Prahu Layar)

Juara I Lomba Cipta Syair Jawa
Dalam rangka HARLAH JP3M ke-3
Tingkat Jawa Tengah dan DIY

Ngawiti ingsun nganggit syi'iran..
Melawan nyebut asma Pangeran..
Kang paring nikmat ugi kamulyan..
Dhumateng ummat tan keliwatan..
.
Sholawat salam dhumateng Nabi..
Muhammad iku asmo pinuji..
Kang nyafa'ati kanthi suwiji..
Shollu'alanabi.. Ayo bareng muni..
.
Duh putra Negeri ayo bareng tangi..
Nyukuri nikmat Gusti Ilahi..
Kelawan ngaji niat kang suci..
Mangkat ing pondok nderek Kyai..
.
Ojo ngeremi tanpo mikiri..
Rusake Negeri tanpo agami..
Ayo nguripi kelawan nyantri..
Rakyate ngerti Negerine aji..
.
Wajib tumrap wong kang iseh bodho..
Njaluk warahe poro Ulama'..
Yen uwis biso ndang diwulangno..
Ing babagane ilmu agomo..
.
Wong bodho iku ra manfa'ati..
Ra ngerti ilmu ugo agami..
Paribasane lebu lan wedhi..
Mawur didamu disiram mili..
.
Ayo rungokno dawul Ulomo..
Ilmu kang mulyo kanthi miguno..
Ra bakal hasil tan nem perkoro..
Ndang cekelono ojo dilalekno..
.
Rupane limpat melawan lubo..
Sabar ing cubo yo kudu biso..
Wulange guru tanpo suloyo..
Suwene mongso ojo sedelo..
.
Sangune kudu ojo do ragu..
Allah kang njamin gampang diluru..
Kanthi mituhu melawan guru..
Kamulyan iku bakal pinuju..
.
Jo mikir - mikir godhane dunyo..
Nyuwun ing gusti Moho kuoso..
Dijogo ati songko gegodho..
Mesti bakale dadi wong mulyo..
.
Ing pungkasane ayo do muji..
Melawan Gusti kang Moho Suci..
Ayo nggegemi lan ojo lali..
Sekabehane nderek ing Kyai..

Iklan

iklan